Rabu, 08 Mei 2013

Bahasa Jawa Kelas IV Semester 1

Wulangan 1 Sopan Santun
A.    Maca
Maca Titi.
Tuladha :
Impen Dalan Lingkar Lor Bakal Kawujud
PR (pekerjaan rumah) sing paling abot kanggo Pemkab Brebes yaiku saben ngadhepi Idul Fitri. Pemudhik kang nglewati wilayah kuwi meh saben tahun ngadhepi macete lalu lintas. Ing jalur lor pemudhik dicegat ramene pasar tumpah ing Bulakamba lan Kota Brebes.
Yen arep mindhah keramaian pasar ramadhan saka alun-alun ing kompleks Stadion Karang Birahi kaya-kaya sansaya angel sebab jumlah kendharaan tambah akeh.
B.     Micara
Nyemak caritane kanca
Tuladha : Caritakna pengalamanmu kang paling nyenengake. Umpamane, kowe mbonceng sepedha motor Bapak ngliwati sawah, kowe numpak sepur karo kanca-kancamu, kowe numpak dokar rame-rame nalika riyaya, kowe nunut melu truk jalaran sangumu entek, utawa kowe numpak kapal nyebrang segara. Caritakna pengalamanmu kuwi ing ngarep kelas! Kanca-kancamu padha nyemak kanthi khidmat.
C.  Nyemak
Nyemak wacan kanthi patitis
Tuladha :
Melu Sanggar Beksan
Wis rong tahun Arum melu gladhi beksan Jawa. Amarga jaman saiki akeh para generasi muda ora bisa beksan Jawa, prasasat kenal wae ora. Nanging ora mangkana kanggone Arum.  
Dheweke wis prigel beksa maneka warna, beksan klasik apa dene gagrak anyar. Wis kaping-kaping oleh piala. Kuwi mau amarga dheweke tekun gladhen.
D.  Nulis
Ngandharake carita
Tuladha : Tamatna gambar ing ngisor iki banjur gawenen carita dadi saparagraf.
                                     
Ajeng sregep sinau basa jawa. Ajeng sinau basa jawa tiap dina selasa. Mula Ajeng saiki ws bisa maca aksara jawa.
E.   Apresiasi sastra
Carita wayang
Tuladha :                 
                                       Laire Gathutkaca
         Raden Werkudara duweni panguwasa ana ing Jodhipati,  sing ugakaran Tunggul Pamenang. Putrane Raden Werkudara sing lair saka Dewi Arimbi iku pancen raseksi. Kadang Pandhawa padha katon sedhih lan prihatin. Marga Raden Tetuko iku kajaba awujud raseksa, nganti telung taun lawasevisih mbopong ari-arine. Ari-arine mau ora bisa dipedhot nganggo piranti apa bae. Raden Tetuko seanajan isih cilik nanging bisa menang perang. Jenenge Raden Tetuko diganti Raden Gathutkaca.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar